Rerasan geger Korupsi Indonesia
Ki Sarip :
Geger Korupsi ning Indonesia :
Saiki, Okeh berita geger korupsi dadi tontonan lan omongan wong cilik. Acarane TV akeh sing mbahas korupsi, lakone lan kasak kusuk-e. Wong pinter lan poro pakar lan petinggi negoro ditanggap, supoyo ngerameake pamiarso lan sponsore. Mremo dadike duwit mergo tontonan bakal rame.
Aji Mumpung, poro wong andek lan pinter nanging tunokaryo podo golek jeneng, maju pasang badan,
golek acara lan bebarengan rerame. sing penting wani tampil. dening pekorone rampung nopo ruwet ora dadi masalah. sing penting melu bancak an. Gebyah Uyah.
Poro bolowadyo Angkoro murko Koruptor Indonesia?
Yo kui, cetho welo welo: Oknum pribadi pribadi sing
1. Pejabat oknum sing ngelola wenang anggaran negoro. nanging nyeleweng.
2. Polisi oknum sing weruh pekoro kui, nanging melu nutupi lan jaluk bageyan duite.
ora nguber malinge, malah nguber, ngurus, nglacak duite bloko.
3. Jaksa oknum sing weruh kasus kui karo polisi oknum, nanging malahan melu sisan
nutupi lan nyimpangke pekoro, karono amrih enthuk bageyan duit gelap kui.
4. Wakil rakyat DPR-oknum, kususe Panitia Anggaran, Komisi Proyek, Keuangan dll.
Kawit mulo sadurung dana ne dadi bancaan, oknum DPR iki sing melu ngerencana
lan nyetujoni usulan anggaarane, iki ora melu nyolong nanging wus ngemplang disik.
njaluk upeti pelicin ning ngarep, yen ora diwenehi, usulan dingel ngel suwi.
5. DPR oknum liane bagean Pengawasan, kudune ngawasi malah melu jaluk bageyan,
yo kui mulane, malinge penak mlebu metu, lha wong sing jogo ngijinake ngemaling.
6. Poro kroni, sekutu lan pendamping terkait, sakabehe sing kiro kiro weruh, melu di
dum utowo di amplopi, kanggo tutup moto lan mingkem. melu tumpengan berkat.
poro pengawas, poro LSM, poro media pers, radio, tv , rekanan dll
7. Poro lakon boneka, yo kui wong sing pasang badan dadi lakon sing manggung, iso
ugo pejabat utowo pimpro utowo Swasta sipl sing dadi bendero pengusahane.
Nanging, tanpo restune karo dukungan wong jero petinggine ora bakal iso owah.
Mulo didadiake grobak sarono alat jangkepi persyaratan formalitas, ngelabuhi.
8. Poro pengawal, centeng-centeng, gali, gento, preman, sing di bon nganggo ngancam,
medheni, mekso, nggethak lan ngalangake sing nentang poro maling rampok kui.
Wong pinter kakeyan ngomomg, wong abdi-negoro nora teges:
Poro kawulo rakyat podo gumun, pejabat lan lembaga semono okeh kui sing digaji karo
duwit negoro, jawabe tembung diplomasi lan pidato. nanging korupsi sangsoyo parah.
Wong pinter sing ora pejabat, podo demo lan mbalelo nanging mung sithik banget isone
ngowah lan dungkap pekoro nganti tuntas.
Sing dadi pitakon wong cilik, umpomo sa Indonesia iki dikumpulake poro sarjana hukum
mulai saking lulusan 1975 dugi 2010 cacahe wong piro? karo sing lulusan monconegoro.
opo yo ora iso rancang coro lan nganake gebrakan gurak tikus koruptor negoro?
Gagasan wong cilik brantas korupsi: Sing gampang ora usah di ngel ngel !
Mengkene runtune gagasan wong cilik parasojo: Dasa Wacana
1. Sarang koruptor: lumbung proyek sing ono anggaran duwit negoro.
2. Proyek nganggo mbangun ora iso di halangi lan di olor olor. penting sanget.
3. Anggaran ora disimpen, kudhu di belonjoke kanggo mbangun prasarono lan sarono.
4. Peraturan pemerintah lan Hak budget sing dadi toto coro, ngeribeti lan ora aman.
5. Pengusaha pemborong ora melu ngeragati negoro, mung jasake tenogo, alat lan pikir.
Kudhu di watesi ulik ulik proyek lan anggaran pemerintah.
6. Perencanan lan Usulan proyek daerah, di ajuke karo desa, dirembug camat di teruske
ke Kabupaten, di susun Bapeda, di rembug menyang DPRD. jaluk persetujuan.
7. Deso lan masarakyat sing dhuwe usulan liyo sing ora kecakup daftar Bapeda, iso lapor
usulan menyang DPRD. mangke DPRD bakal ninjau lan neliti, yen bener penting, iso
dileboke melu didaftarke rencana proyek. dadi kuwi DPRD melu Hak rencanake usulan.
8. Usulan DURP kui mung daftar proyek ora perlu dianggarke ongkone, di bahas pentinge
lan prioritas/ngutama lan dampake. iki supoyo ora ribut ONGKO duwite. putusane iki
proyek wajib di umumke ke masyarakat, nanging durung penetapan, lagek sementara.
Maksude supoyo rakyat labeh podo weruh sing bakal di bangun orane. jongko waktune
kudhu sesasi luweh, Yen ono nyimpang ora adil, rakyat iso protes demo nyang DPRD .
Sebab, bapeda lan pemda ora bakal berkutik yen DPRD durung nyetujuni daftar-proyek.
9. Yen, rakyat lan unsur liane wus ora protes, lagek daftar proyek diserahke Pemdam banjur
diserahke ke dinas PU, CK, BM, Pengairan dll kanggo digaweke rencono teknis lan Isine,
Ing tahap iki, wajibe Banwasda(inspektorat) wes melu ngawasi lan ngamanake. nganti bab
teknis lan rincian rampung, diserahke pemda maneh, diteliti. yen manteb, gawe DIP-da,
dilampirke RAB lan karo RKS, gambar teknis. banjur diajuke maneh nyang DPRD.
10.Sa uwes nompo daftar isi proyek kui, wajib DPRD neliti lan mrikso layak orane. DIP kui
wajib di siarke, di umum ke, di publikasi, di sosialisaike, di transparansi ke ke publik.
sadurung diputuske "Setuju DPRD". DIP diumumke nganti ora 2 sasi, supoyo masarakat
ono waktu protes, gugat, nolak dsb. Yen ora ono protes, lagek DPRD nyetujoni DIP.
Yo iki sing ora transparan, bibit kawit korupsi, Yen ora dijogo lan diawasi yo bobol.
Ajang Nyonggek menyonggek suap nyogok DPRD sadurung anggaran disahke DPRD
yo iki sing dirembug poro koruptor, sopo sing arep enthuk garapan proyek kudhu mesen
lan mersekoti nyang panitia anggaran lan bag-pembangunan, adoh sadurung diumumke
lelang uwes di rekoyoso utowo kondisike.
Lelang dihapus, ora perlu diacarake ajang bisnis. !!!
1. Sumbere ajang korupsi kui yo lelang reko rekoyoso kui. Mulo wus tumus lan nyoto yen
babakan lelang ora perlu diterusake. Bubarke.
2. Anggaran sing wus diteliti karo Pemda, PU , BPK, DPRD lan masyarakat, komplit sa isine,
sa rinciane RAB lan RKS, ora perlu di serahke pemborong. Keperluan belonjo pemerintah
di blonjoke langsung karo pegawai dinas. rakyat lan DPR mung ngawasi mutu lan jumlahe.
BPK lan Banwasda karo inspektorat liyone bebareng ngawasi teknis lan pelaksanaanipun.
dadi ora usah dipasrahke swasta sipil sing bakal di sunat, korupsi.
3. Kanggo Padat Karya, keno wae Pemborong lan masarakat borong boro kerjo.
Tarip lan upah UMR lan pathokan wes ditentoke PU, DPR lan Pemda + masarakat.
Dadi Asosiasi asosiasi kui mung bogawe tenogo jasa wae.
Yen di atur mengkene, bakale: MANFAAT
1. Masyarakat luweh paham lan handarbeni mbangun desone dhewe. sinajan biayane pemerintah.
Yo kuwi melu ngawasi rencana usulan DIP # 10 sing dibahas ning dhuwur iko. Jalan ngereko
wis ora longgar maneh.
2. Pemborong lan sindikat kroni koruptor wes ora iso dolan ngereko ongko proyek, sebabipun
sing blonjo lan ngatur dhuwet anggaran wes ora ono, mergo dinas blonjo dhewe, Tur ora ono
tender mborong maneh. Anane mung borong tenogo kerjo lan josone.
3. Dadi ora ono suap nyogok nyonggek kiwo tengen, nyolong volume lan mutu material.
Yen diatur mengkene, wes ora ono kebobolan, lamun ono yo ora liyo pegawai dinas dhewe,
dadi ora ono bemper, topeng, tameng, tumbal maneh. langsung konangan kentarani. Sebabe
justru rekanan kui sing didadike tumbale poro pejabat nganggo ritual "bancak'an tumpengan
korupsi berjamaah."
sasaran ngawasi luweh mayar, yo kuwi Pemda lan poro pejabat lio sing ngelaksanake proyek.
Lha wong perkoro nyoto mengkene di jadike ruwet tur kahkeyan aturan sing malah bias nyamarke
ke publik. Yo kui akal akale wong pinter nyamarke bejad lan bobroke poro pejabat dhewe.
Khususon poro wali rakyat sing kianat-amanah rakyat. Yo kui walimu dhewe seko partaimu dhewe.
Inti ne, Korupsi dadi sengsoyo parah karono kianate walimu dhewe. Ora memperjuangke rakyat,
nanging kantonge dhewe lan nggolek pulihan kulak-an ne nyalon DPR kuwi. dol tinuku suoro.
_______
Ngendikane kadang tuwo : Lamun tangeh yen siro iso lakoni. ?

UU Anti Korupsi di Indonesia dan KUHP nya perlu diperbaiki, yaitu pelapor pemberi SUAP/SOGOK/PELICIN yang sebenarnya, sebagian dari pemberi gratifikasi itu adalah korban pemerasan/pemalakan yang dikondisikan alau dipaksakan memberi Upeti(pelicin/fee dsb) oleh pejabat/penguasa/aparat ybs. Yangmana tidaklah mungkin berani melapor karena aturan UU/KUHP nya menyebut bahwa pelaku pemberi upeti/suap juga dikenakan pidana Penjara.
BalasHapusArtinya tidak mungkin akan ada yang melapor SUAP,selama UU nya seperti itu, Harusnya ada tambahan perkecualian, yaitu bagi pelapor korban pemerasan atau dipaksa beri Upeti/fee yang bukan kehendaknya/niat sendiri. Maka Si Pelapor tidak akan dikenakan pidana/hukuman atas laporannya tsb.